Minggu, 09 Oktober 2016

Aku Seneng Golekan

Aku Seneng Golekan
Oleh: Alifinda Candy dan Anis Milkhatul

Rabu, 15 Januari 2000. Sakabehe sing arep dakgawe menyang sekolah wes daksiapake. Kantun budhal lan siap-siap mlayu. Ora mergo adoh,nanging jam wes nudhuhake 06.44 WIB. Nalika keprungu suwara sempritan sing megelake ati, aku nyuba banterake mlayuku. Aku telat. Aku diaturi njupuki 10 sampah.
Pas wektu istirahat, biasane aku guyon karo keloro koncoku.
“He der ngertia (ngguyu)” jare elsa kalihan senden lan gepuk Arimbi.
“opo se he?” aku melok ngguyu amarga elsa ngguyu.
“wes tah” jare arimbi kalihan ngempet isin.
“Critakno kah mbi” jare elsa kalihan  nada tegas lan  setitik ngguyu.
“Ngene lo der awkmu eleng a pas dek mall?”
“Seng endi se he?” jareku kalihan ngguyu ora ngerti opo-opo mung melok wae.
“Wingi lo der, kan lift e nutup se, terus aku iku dek ngarep lift e pose. Moro-moro der lift e bukak” jare arimbi kalihan ciri khas e.
“Nglentek rai le” jare elsa kalihan ngguyu ngakak.
“Oalah, iyo iyo eleng aku. Hahaha” jareku.
“Elengo sa,awakmu yo tau njungkir dek OLC. Akeh arek pisan, nglentek raian sopo” balas arimbi.
“Oh iyo, hahaha” jareelsanutupi rai karo kerudung.
Sakdetik kaliwat aku rumangsa gela banget. Ora ero opo penyebabe. Iki sering tak alami ing endi lan kapan ae. Mungkin akeh wong kang ngalami kedadeyan koyo kuwi nanging iso ngatasine.
Kamis,16 Januari 2000. Aku kesel amarga pikiranku digawe sedino kebek. Aku angel turu. Wes suwengalami iki. Paling efek otak seng kenemenen dipekso dadi angel dinonaktifno. Biasane dulinan karo golekan yaiku caraku ngusir kebosenan tengah wengi. Aku seneng banget golekan iki. Sanajan ukuranne sedang, aku ngroso tentrem nalika ngerangkul golekan iku. Moro-moro mataku kroso abot. Aku kalelap.
Jumat, 17 Januari 2000. Koyo biasane, ing sekolah seneng terus sedih lan ing omah angel turu. Bengi iki aku ngroso aneh. Aku ngeroso kasedihan kang klewat jeru, ora ngerti penyebabe gawe aku depresi. Bener-bener depresi. Wes 3 jam aku ngentekake gawe nangis. Aku ngeroso ora onok gunane, ora duwe kegayutan, bersalah lan berdosa. Aku nggoleki golekan iku. Ing saat koyo ngene mung dhewekekang ngerti keadaanku. Dheweke mesti ngekekake aku solusi lan semangat. Dheweke luih tekan kelorokoncoku. Mung aku sing iso ngerungoake suwarane. Buktine, mbiyen aku omong-omongan karo dheweke lan sebelahku masku. Nanging masku ora kerungu opo-opo. Dheweke bingung lan takon opo sing tak lakokake. Aku njelasno, dheweke ora percoyo lan ngguyu-ngguyu. Dheweke ngomong yen paling aku wes ora waras lan kesepian saengga nganggep benda sing mati iso diajak ngomong. Iki temenan, golekan iki bener-bener iso ngomong. Ing wiwitane golekan iku mung kaya golekan biasane. Suwe-suwe aku ngerasa dheweke iso ngomong omongan karo aku. Dheweke menehi aku solusi.  Dheweke ndelok kucing. Aku ngelaksanake lan bener iku iso ngerampungake masalahku.
Sabtu,18 januari 2000. Isuk iki aku nyusuri dalan beraspal kaya biasane. Jarak omah lan sekolahku cedek banget. Kira-kira 15 meter ae. Atiku dina iki ancur. Sing kesekian kaline, kucing omahku mati termutilasi. Mboh sopo pembunuhe lan alesan ngelakuno iku. Sakjane kucing iku kewan kang lucu lan imut. Aku seneng iku. Nyampek ndek kelas, aku cerito kedadeyan mau nang keloro sahabatku.
“Kok iso lho der?” elsa koncoku kaget ngerungokno cerito ku iki.
“Mboh he sa,moro-moro mang isuk kucingku wes kepotong, aku yo gak ngerti sopo pelaku e"nada suwaraku mulai meninggi. Banyu mripat netes.
“Wes der,sing sabar. Suwe-suwe lak ketahuan a sopo pelakue. Tapi awakmu ojo su`udzan dikek, istigfaro seng akeh pisan" jare arimbi, koncoku.
“Iyo mbi, aku pegel he iki wes kesekian kaline. Kucinge gak salah opo-opo. Megelno-megelno pelakune, pingin tak jites" jareku kalihanngusap banyu mripat. Keloro koncoku ngguyu ngerungoake aku ngomong tak jites karo medok.
“Mesti loh dera iki, sedih-sedih akhire garai ngakak" jare arimbi karo ngguyu-ngguyu.
“Hahaha wes-wes, delok pr fisika mbi."
“Loh, ono pr fisika! He delok he!.”
“Nyoh, iki loh!.”
“Delok bareng-bareng yo sa” jareku.
         Dheweke pancen sahabat sing paling iso gawe keadaan buruk dadi apik.
Jumat,17 januari 2000. Semenjak duwe golekan iku aku dadi ngeroso aneh lan ngeroso pingin terus dewean. Ora peduli wong liya. Aku ngeroso nek dheweke sing peduli karo aku. Aku mung iso nangis. Ing panggonan peteng iku. Aku dewean. Aku mlaku nyeret lan mung iso natap jendela njobo sing kusem. Sakwise iku aku kebayang kematian  pikiranku suram. Peteng lek tak bayangno.
“Dera,ojo nangis” jare golekan kesayanganku.
“Ancen seharus e aku mati ae. Ora ono gunane uripku.”
“Ojok! awakmu ora oleh mati! aku ndek kene gawe awakmu dera, awakmu ora dewean" golekan iku ngomong maneh.
“Aku kudu lapo?” takonku nang golekan iku.
Golekkan iku noleh delok kucing lagi dulinan buntute. Kucing iku katon lucu. Tak gendong lan tak elus-elus kucinge. Saking lucue aku nganti gemes. Tak peluk alon-alon. Makin kuat makin kuat nganti kucing iku ora iso nafas lan keremet. Tak banting kucing iku nganti ngelemprek. Ora sampe iku tok, tak pethil ndase. Pecah. Tak jupuk lading sing landep ing pawon, seyet tithik tithik kulit e. Tak potong awak kucing iku nganti dadi pirang pirang bagian.Aku seneng kucing, aku luwih seneng maneh yen kucing iku mati kepotong ndek tanganku.

*Gangguan bipolar (bipolar disorder) yaiku gangguan pangrasa seseorang amarga masalah aneng otak ditandai kalihan perpindahan (swing) mood, pikiran, lan owah-owahan panggawe. Pangrekasa ngalami owa-owahan mood sing dramatis, tekan episode manic dan episode depresi nganti periode wektu tertentu, angel turu, krungu suara sing ora didenger wong liya, delusi.

Yo Wes Ngunu Kuwi

Yo Wes Ngunu Kuwi


Pak Nino , guru seng sabar ngajari murid murid ing njobo kelas. Ing sakwayahe dino, pak nino ngajar matematika, mbaleni materi SPLDV. Di sambi nulis ndek papan, pak nino nakoni nang murid-murid tentang pengertian SPLDV. Terus seluruh siswa njawab bener lan semangat. Mari iku, pak nino nakoni pisan tentang ana piro cara gawe nyelesaino SPLDV, lan para siswa njawab bener maneh.  Sakwis e iku, pak nino nyoba ngekeki soal gawe para siswa. Pak nino njaluk tolong nang andhika gawe njelasno carane nyelesaino soal SPLDV nggawe cara eliminasi. Andhika rampung nggarap soal SPLDV lan pak nino ngolehno andhika mbalek nang lungguhe.
Kabeh para murid e paham karo cara eliminasi. Pak nino menunjuk dicky gawe ngejawab soal seng podo karo cara subtitusi, lan dicky pun siap nyelesaino. Tapi pas dicky mbusek papan tulis, tibak e bel istirahat muni. Kabeh murid dulinan bal balan, tapi dicky lan dio ora dolanan. Dio pingin ngerteni cara nyelesaino soal SPLDV nggawe cara subtitusi. Terus dio nekani dicky. Dio ngomong lek dio durung paham ngerjakno soal nggawe cara subtitusi, terus njaluk tolong dicky gawe njelasno. Terus dicky langsung njelasno carane. Dio seneng, lan dicky nyemangati dio ben sinau luweh sregep.
Jam istirahat wes buyar. Pak nino nyeluki murid e seng sek dulinan bal balan ben mbalek nang ngarep e papan tulis. Dicky maju nyelesaino soal nggawe cara subtitusi. Akhire, dicky rampung nggarap soal e, pak nino ngongkon dicky mbalek nang lungguh e.
Pak nino ngganti soal ndek papan tulis. Dio dikongkon gawe nggarap soal seng ditulis pak nino ing papan. Dio ngeroso lego amarga wes diajari sebagian carane karo dicky. Mamat iso nggarap soal e cepet-cepet.  Pak nino kaget amarga dio nggarap soal e luweh cepet timbang biasane. Dio nggarap e jujur yen dio diajari karo dicky. Pak nino ngongkon dicky gawe nggarap cara cepet e nang kabeh kanca sak kelas e. Pak rusli ngakhiri pelajaran.
Dicky langsung ngajari kanca kancane. Pas iku akbar lan ilham bisik-bisik amarga penasaran dio iso nggarap soal e cepet-cepet. Akbar lan ilham njaluk rewangan nang dicky pisan. Moro-moro aldi nyenggol akbar, aldi pingin pisan diajarai dicky.  Akbar ngandani aldi ben sikap e luweh sopan. Aldi njaluk sepuro nang akbar. Dicky ngerti yen aldi pengen diajari pisan, terus dicky iklas ngajari aldi. Dicky wes ngajarno cara SPLDV nang kabeh kancane. Akhire kanca kancane paham carane.

Andhika (3)
Dicky (10)

Rabu, 05 Oktober 2016

Preman Madyopuro

Preman Madyopuro
Preman Madyopuro , sopo iku ? aku dewe yo ora ngerti , eh ngerti seh saiki , tapipreman jare jahat , tapi kok iki beda ? areke kok baik , kadang bantu uwong , kadang nyelangi  catetan , ulet lan liane sing apik .  Lapo kok  di juluki preman ? akeh pikiran lan penasaran karo arek anyar iku . Madyopuro bukane tempat sing aman aman ae jarang ana tawuran , tapi kok ana premane , halah ... Cuma waktu seng iso ngejawab .
Awal ketemu karo arek iku ora ana kesan seng negatif utowo positif , seng  jelas arek iku meneng . isuk iku ana arek aneh seng mlebu kelasku  lan areke lungguh ing bangku ngarep . Bel masuk muni , Bu guru mlebet kelas lan ngenalno arek anyar rambut lurus sebahu lan cungkring iku . Ternyata jenenge Anis tapi jare Sulthon arek iku arek nakal , preman kampung malah Sulthon tau ndelok arek iku nggarai arek cilik , nongkrong , njaluki sumbangan ora jelas  ing pinggir embong .
Sakwise Sulthon ngomong ngono aku dadi wedi cedek Anis , tapi nek tak uwasi anis iku arek rajin , tekun, mesti nggarap pr , ora medit , lan mesti bersikap apik masio kadang arek kelas wedi cedek nang arek iku . Terus aku Mulai berfikir mosok ana preman sng koyok ngono ? opo mungkin arek e nang kelas pura pura tok .
Saking penasarane  aku lan Nisak nyelidiki arek iku . Ngebuntuti arek e ternyata bener jare Sulthon areke sering nongkrong ing dalanan ora langsung mulih  , njaluki sumbangan nang dalan dalan karo koncone seng nggawe klambi ireng ireng , tekan adoh arek iku yo koyok ngamuk ngamuk nang arek cilik . Adane bukti iki aku lan Nisak dadi ora nyesel lek ngadohi anis soale Anis  iku ora temen seng apik . Untuk seng ke 2 aku mikir mosok anis seburuk iku , terus aku eleng nek aku nduwe konco arek sebelah dan arek iku


Anissa R.
Regita A.
XII MIA 4

Minggu, 02 Oktober 2016

Aku, Sampeyan, Jeruk lan Apel

Aku, Sampeyan, Jeruk lan Apel

"jeruk maneh?"
"Apel maneh?"
"Apa kudu jeruk ya?"
"Apa kudu apel ya?"
"Luwih enak jeruk, manis lan  kecut seger rasane"
"Luwih enak apel , manis  lan lembut"
Sing  tansah nalika Akbar lan Celsi bebarengan. Ora ana seng  gelem ngalah  karo saben woh favorite. Akbar sing tresna jeruk lan Celsi seneng karo apel. Akbar Irfandi Rizky, penyayang  jeruk. Utamané jeruk manis. Yen ketemu karo jeruk, kaya kabeh pedunung ing bumi iki sirna. Ora lek deweke ora nyenengi woh liyane, mek e jeruk wis dadi  favorite. Pinter main drum, senengane  futsal, kepingin duwe awak seng ideal nanging durung kawujud, humoris. Kayata  Akbar, Celsi uga ngono. Celsi Islania, penyayang  apel kayata Akbar sayang  karo jeruke. Minangka Akbar, yen Celsi wis ketemu apel, kaya pedunung bumi ilang.  Ora ngurus ana opo. Ing kasunyatan, pacare dhewe ora diannggep lek wes ketemu karo apel-apel kesayangane.
"Apa coba apike jeruk? Nganti-nganti cah wadon ayu ing sebelahmu iki ora  digatèkaké? "matur Celsi  marang  Akbar padesan amarga deweke kesenengen karo jeruk e. "koyok awakmu ora wae cel, yo opo kabare cah lanang  ganteng sebelahmu iki? Apel ae seng dideleng" Gerutu  Akbar  ing  Celsi sing wis banget  disibukaké  karo jus apele  "Sampeyan tansah dadi bar. Kapan sampeyan bisa pisah karo jeruke sampeyan? " kanda Celsi. "Sampeyan uga, kapan sampeyan bisa pisah  karo apel e sampeyan?". Debat e deweke akhir e mandek karo podo menenge.  "Aku koyone ora bisa  pisah karo woh kesayanganku iki."  banjur padha bebarengan lan  mbalik meneng  koyok awal.
~ @@@ ~

"Celsi, neng ndi sampeyan? Celsi? "
Katebak. Yaaa iku Akbar sing saiki nggoleki Celsi ing sawijining kelas. Wiwit debat sing pungkasan wingi,kabeh e  padha meneng. Nganti pungkasané  Akbar sing nggoleki Celsi.
"Celsi, aku ngerti lek sampeyan  ana ing  ngisor meja. Metuo  aku pengin njaluk sepuro marang  sampeyan. "kanda  Akbar sawise ngerti cah wadon iki ndhelikake awake  tekan Akbar ing  ngiso meja.
Ahh. Gagal. Aku gagal ndelik saka Akbar.
"Ya ya ya. Aku bakal metu  bar "ngandika Celsi lesu.
Duaaggg. "Awww sirah ayuku. Akbar  ewangono aku !! "kaleresan Kepala Celsi natap  mejo. Tanpa ijin seng nduwe,  mustakané Celsi wes dielus  alon-alon dening Akbar. "Apa isih kerasa lara cah manis ??" kandae Akbar  karo ngempet ngguyu.  Amarga Akbar wes ngempet  ngguyu ing sikap pacare kang asring apes amarga keteledorane. "ora usah ngempet ngguyu. Aku ngerti sampeyan pengin ngguyu aku kan? " kanda  Celsi sing wis apal sifat e  Akbar. "Huahaahahaha" ngguyu Akbar sing wis ora bisa ngempet  ngguyu. "ngguyu o sepuasmu." Kansa  Celsi kesel. "Hahahaha sepurane  cel. Sampeyan nggemesake. Sampeyan lucu nalika pipi sampeyan melembung ngonokuwi. "kanda  Akbar nalika njiwit pipi melembung e Celsi. "Awww Akbar. Aku wis  ngomong marang kowé, aku ora seneng yen  kowé njiwit  pipiku. Sampe maneh sampeyan  jiwit pipiku, jeruk-jerukmu bakal ajur !! " ancem  Celsi.
Ahhh yaa jerukku. Kok bisa aku lali yen aku ngoowo jeruk?
"AJA !! wani sampeyan ngajurne jerukku, apelmu bakal nandhang sangsara pasrahaken padha nona manis "kaancam Akbar karo ngilirk irisan irisan apel  Celsi kan  kasusun rapi  ing kothak mangane. Kerasa apel e keancem,  Celsi banjur ngrangkul apel-apel e.  "Ora bisa !! Aja ndemek apel kesayangan ku yoo!!. "
"oke oke. Aku ora bakal ngajurne apel-apel mu. Tapi ana syarate "
"Apa iku syarate? Aku bakal nindakake kanggo nyelametne apel-apelku "
"Oke. Saiki sampeyan  ora oleh ngingkari janjimu oke nona  manis? "
"Ya wis ya. Aku ora bakal nolak. Cepet ngomong apa kahanan”
"Hahaha. Apel megelno. Mesti sampeyan nduakne aku karo apel-apel mu iku Cel! syarat iku ... sedina iki apel-apelmu ora bakal piyambak dadi santapanmu. Jeruk- Jeruk iku  bakal ngganti apel sampeyan kanggo sedina. Ing tembung liyane, sedina iki  sampeyan ora bisa ndemek apel megelno iki "
"Apa ?? seng genah wae. Ora !! apel iki ora bisa ora aku maem. Utawaaa sampeyan  sing  bakal mangan apel-apel ku  lan tinggalno jerukmu gawe kula "
"Waaaahhhh ora bisaa. Jeruk ku ora bakal lunga saka aku. "
"Yen ngono  jerukmu kuwi ora bakal bisa  ngganti apples kesayanganku iki ."
"cah ayu,  elinga sampeyan wis  janji marang   pangeran bagus iki"
"Ooo pangeran bagus, aku wis janji kanggo sampeyan. Nanging opo  pangeran ora arep nampa panjalukku iki? "
"Aaahhh ... oke aku bakal nampa panjulukmu cah ayu. Amarga pangeran tansah bakal nerima panjuluke cah ayu”

Minangka padha. Tansah patemon deweke mesti bahas apel lan jeruk. Senajan mesti  padha debat  amarga jeruk lan apel, nanging padha tetep bebarengan. Senadyan kesenangane beda, deweke  padha bisa bebarengan nampa. kenapa? Amarga deweke  padha ora ngelingi apa regejegan njupuk Panggonan antarane wong-wong mau. Amarga deweke  padha tansah eling yen  jeruk lan apel seng akhire nggarai deweke iso ketemu . Allah wis ngerangke cerita gawe deweke karo apel lan jeruk kesangane kuwi.

Rara Rindanis
Rusydiana Q

Sabtu, 01 Oktober 2016

SABAR LAN NGATI-ATI

SABAR LAN NGATI-ATI


Dina-dina daklewati nganggo rasa seneng lan syukur dhumateng Gusti. Rasa sembah nuwun uga dakaturake amarga isih dipunwenehi rahmat lan kasehatan. Ora krasa, srengenge wis intip-intip candela kamarku.

‘Dina iki, kabeh kudu daksiapake. Mergane Senen sesuk, aku kudu siap budhal’

Kabeh ubarampe sing dakperlukake daktata aneng tas ransel. Handphone sing dakseleh aneng meja muni. Ari, kancaku ngirim pesen yen sesuk arep ngejak budhal bareng. Pesan sing dikirim kuwi, dakbales setuju.

Dina Senen wis teka, jadwalku dina iki budhal liburan. Sadurunge budhal, aku nulis aneng salembar kertas lan daktempelake aneng sebelahing meja. Lan banjur budhal anyusul Ari.

Dug…

Aku ngerungokake kaya ana sesuatu sing tiba pas sadurunge nutup lawang omah, tapi kadadeyan kuwi ora dakgatekake lan banjur budhal.

Aku budhal nganggo bis sing rada gedhe. Budhalku mepet kepancal sepur amarga kancaku Ari sing kedandapan amarga durung persiapan. Aneng jero bis, aku nggoleki panggon lungguh lan akhire nemokake panggon lungguh telu jejer lan sing rong bagiyan isih kosong.

‘Nuwun sewu, Pak. Punapa lelenggahan menika sampun wonten ingkang andamel?’

Bapak kuwi ngaturake menawa during ana wong sing manggoni lan manggakake aku lan Ari lungguh aneng panggon sebelahe. Ora suwe, bis banjur budhal.

Ing tengahing dalan, aku uga cecangkriman kalih bapak kuwi. Saka sing daksawang, bapak kuwi kaya wong sing becik, cerdas, uga wicaksana. Tapi aku ngerasakake bapak kuwi isih pas ana masalah, masalah apa kang diadepi aku ora ngerti. Nganthi panjenengane sanjang…

’Le, dakkandhani, ya. Ana sawijining perkara sing wis pasti lan wis dibuktikake dening sejarah… yaiku yen manungsa kuwi ora mungkin bisa memahami sing liyane nganthi salawase. Aku kandha kaya ngene iki mergane wis bola-bali ngalami’
Aku kaget lan ora bisa nyauri apa-apa. Dedhawuhan kuwi yen dakpikir-pikir rasane kaya ana benere. Akeh wong sing wis dakkenal pancen duwe sifat sing kaya ngono kuwi. Luwih-luwih kanca-kancaku, sing ora pantrep marang dedhawuhane bapak kuwi nganthi bisa diitung nganggo driji.

Ora krasa wis teka panggon sing dituju. Kabeh rombongan mudhun saka bis lan banjur mencar dhewe-dhewe. Amarga akehing manungsa lan aku isih nggumunake dedhawuhan saka Bapak menika. Aku lan kancaku kapisah.

‘Dim, Dimasta.’

Ngrungokake asmaku disebutake, aku banjur nggoleki sumber swarane. Bastomi. Dheweke sing daktemoni. Kancaku pas isih sekolah. Dheweke nyawang yen aku kaya wong sing bingung.

“Geneya kowe mau daksawang kaya bingung? Golek apa ta?” Bastomi takon.

“Aku isih nggoleki kancaku, Ari asmane. Aku kapisah pas mudhun saka bis.”

“Dakrewangi nggoleki, ya?”

“Ora usah, wis. Dakgolekake dhewe”

“Aja ngono, ta. Masiya sampeyan bisa nggoleki dhewe kan yen dibantu bisa luwih cepet” Kancane Bastomi Semaur.

Ora ana pilihan liya, aku mung bisa narima tawarane kuwi. Pas wayah nggoleki Ari, aku panggah ora bisa lali dehawuhane bapak kuwi masiya wis suwe. Amarga wis suwe anggone nggoleki lan wis krasa kesel, Aku, Bastomi, lan uga kancane banjur nggoleki rest area. Tibake bocah kuwi uga aneng rest area. Aku enggal-enggal marani.

Sawise ngaso rada suwe, Aku lan Bastomi banjur nerusake lakune dhewe-dhewe. Ing tengahing dalan, Ari pamit arep tuku banyu ngombe. Aku ngenteni aneng ngisor wit kang rada gedhe. Wit ringin kang gedhe menehi swasana kang ora biasa. Masiya krasa ora trep, aku panggah nunggoni kancaku kuwi.

Suwe banget anggonku ngenteni bocah kuwi, rasane kaya upacara sing suwe lan diterusake pengumuman sing dawa kayata jaman SMA biyen. Aku banjur mutusake nggoleki mushola sing ana ing kana. Mergane srengenge wis andudohake wayah sembahyang.

‘Ri, Ari’

‘Geneya, Dim?’

‘Kowe mau kanda mung arep tuku banyu ngombe, ta?’

‘Sepurane, kuwi mau ana topeng monyet, aku ndeleng kuwi dhisik nganti lali yen kowe wis nunggoni’

‘Iya, wis’ wangsulanku.

Srengenge wis mudhun saka panggone, dina wis rada peteng. Aku lan Ari banjur anggoleki panggon gawe nginep sewengi. Anggonku nggoleki panggon gawe nginep nganthi meh bengi. Sawise teka kos-kosan pangonku nginep, aku banjur ngaso lan turu.

Dina sesuk, sekitar jam pitu aku lan Ari banjur nerusake laku. Sadurunge ninggalake panggon kos, aku kudu ambayar biaya sewane. Mergane wingi sing duwe panggon kos dhawuh yen perkara dhuwit sewa kos diurus sesuk wae, mergane wis bengi.

‘Lah dalah. Tibake aku ora gawa dompet, ta’

‘Kowe iki piye, ta? Lunga kok ora gawa dhuwit’ Ari nyaut

‘Aku bisa nyilih dhuwitmu dhisik? Kanggo bayar kos iki’

‘Yo ora bisa, lha engko yen aku arep tuku sembarang-barang kan aku malih ora ana dhuwit. Yo kuwi risikomu. Aku budhal dhisik’

Kadadeyan kuwi ngelingake sliraku marang dedhawuhane Bapak sing daktemoni aneng Bis mau. Aku mung bisa mbatin aneng ati mbenerake dedhawuhane bapak kuwi.

‘Geneya, ya kok nasibku kaya ngene iki. Yen aku ambales, ora bakal ngrampungake perkara. Yen ngeno, aku kudu bisa dadi wong sing luwih sae’ Gunemku aneng jero ati.
Gusti ingkang Maha Agung ora bakal turu, tibake aku isih nyimpen dhuwit masiya ora akeh aneng jaket. Untunge isih cukup kanggo bayar kos lan kanggo bali.

Aku banjur enggal-enggal bali nganggo bis saka terminal. Perjalanan sing suwene meh nganthi papat jam ora krasa. Aku wis teka kutha panggonku bali lan aku mulih mlaku saka terminal nganthi omah.

Dakbuka lawang omah kang wis suwe daktinggalake. Bungah. Kuwi rasa sing bisa anggambarake nalika rawuh. Lawang kamar dakbuka lan aku enggal-enggal anggletakake awak.

‘Swasana kamar iki isih padha kayata sadurunge aku budhal’

Sesarengan ngilangake rasa kesel aneng awak, aku uga ambongkar kabeh gawanan sing isih ana tas. Sakabehing ubarampe dakbalekake aneng panggone saka sepatu nganti topi. Kertas sing nempel cedhaking panggonku nyeleh topi anyita perhatianku.

‘Ooo iya,ya aku dhewe sing nempel kertas kuwi sadurunge budhal.’

Dakwaca kertas kuwi. Isine yaiku kegiatan sing kudu daklakokake kanggo sesuk.
Rasa semangat muncul malih sawise aku maca kertas kuwi

‘Saiki aku wis bali, aku kudu bisa ngerampungake’


Dening:
Prabowo Wisnumurti
Ridho Rafif Adri Prasetyo

Jumat, 30 September 2016

Kuwalat

Kuwalat
Ing wayah isuk ing dina Minggu iku ora lumrahe udan. Ora kaya dene saiki, udane saya suwe saya deres. Sasuwene ngenteni terang, akeh wong sing nglumpuk ing ngarepe bale RW. Wong wong kasawang padha nesu.
Jenengku Dio. Ing dhaerah omahku, aku dicap dadi bocah sing grapyak sumanak lan ora tau nduweni perkara karo sapa sapa. Ing panggonanku, aku duwe kanca akeh lan padha guyub rukun tumrap sakabehe.
Saka kabeh kancaku, aku duwe siji kanca sing raket temenan. Kancaku jenenge Saipul, bocahe pinter, mung nakal. Bocahe ora rokokan lan ngombe banyu setan, nanging bocahe seneng  usil. Ananging bocahe kaya mangkono kuwi, bocahe isih apik marang kancane.
Ing sawijining dina, aku dolan nang omahe Saipul. Aku mrono ing wayah sore. Bareng teka mrono, ibune Saipul kandha yen dheweke lagi metu karo kancane, lan kandha yen dolan ing panggonan cedhak alas. Sawise dikandhani, aku banjur budhal lan marani Saipul.
Sawise teka mrono, aku kaget, jalaran dheweke arep "nggarap" wong kampung nganggo mercon bumbung sing digawe dheweke lan kanca kancane. Ana kancane sing ngelingna yen aja ngganggu kaya ngono, banjur kancane sing ngomong ngono mau diseneni lan diusir saka kelompokne.
Ing wayah isuk, Saipul lan kancane padha nyiapake mercon sing arep digawe. Pas dheweke nata, moro moro mercone ora sengaja kena bale rw. Saipul lan kancane padha diseneni karo wong wong kampung, amarga bale rw sing arep digawe acara kampung dirusak karo kanca kancane Saipul lan dheweke dikongkon ngresiki lan ndandani ubarampene uga dadi rewang rewang ing acara.
Owalah Pul Pul....

Nino Dimasta P. (26)
Rafi Savero (28)
XII MIA 4

Aku lan Gegayuhanku

Aku lan Gegayuhanku
Ing salah sawijining desa urip gadis desa sing jenenge Ilfia, dheweke nduweni sifat yaiku arek sing meneng , lugu ,pinter, sabar ,apik an lan seneng nulung . Ora kaget yen akeh wong seneng marang kepribadiane ilfia . Ilfia duwe sahabat loro jenenge Mila lan Nena . Arek loro iku raket banget karo Ilfia . Menyang endi-endi mesti bareng , Ilfia wis nganggep arek loro kuwi dulure dewe lan kebeneran bapak ibune arek loro iku kancane bapak ibune Ilfia , ora heran yen arek telu iku maeng cidek . Ing desane kesadaran ngenani pentinge pendidikan iku isih kurang , akeh arek cilik sing ora nerusno sekolahe, luwih milih kerjo serabutan lan nggolek duwek kanggo wong tuwane.Daripada , kudu sekolah lan ora bisa mbiyantu keluargane . Ditambah ,sekolahan ing desa ne kuwi jarake lumayan adoh saka perkampungane ditambah akses transportasi kayata angkutan kuwi ora ana . Ilfia sekolah menyang salah sawijing sekolah ing kutho , dheweke saiki wis kelas telu. Nanging Mila lan Nena ora sak sekolah amarga biyen arek loro kuwi ora bisa ketompo amarga bijine sing kurang. Jarak omah lan sekolahane Ilfia adoh banget kurang luwih 4 km , saengga Ilfia kudu budhal luwih isuk supaya ora telat .Ilfia ing sekolah e kalebu siswi sing meneng lan ora nduweni musuh, nanging dheweke rajin lan nggateake nalika gurune njelasno ngenani pelajaran ora heran yen biji biji ne Ilfia mesti apik .Ilfia nduweni tekat kanggo ngrampungake sekolah e sampek sarjana saengga bisa nyenenengake atine wong tuwo , bisa dadi wong kang sukses lan bisa migunani marang wong liyo ing desane . Kagiyatane Ilfia sawise mulih sekolah yaiku ngrewangi lan mbiyantu wong tuwane kanggo ngresiki omah lan sawise iku Ilfia nggarap tugas lan nyiapake pelajaran kanggo dino mene ne . Ilfia ora melu les , dheweke mung manfaatno buku sing di duweni lan nyeleh buku – buku ing perpus. Sanajan koyo ngono, ora matahno semangat e Ilfia kanggo sinau , Kabukti biji ulangan e Ilfia ora tau ana sing ndek ngisore KKM . Kadang Ilfia yo sinau bareng ambek Mila lan Nena kanggo mbahas materi pelajaran lan padha-padha ijol ijol an ilmu saka sekolahane dewe – dewe . Ketelu sahabat iku kompak banget , yen ana sing ora paham ngenani pelajaran e ndek sekolah padha-padha nguruki . Biasane ben dino Minggu Ilfia nggeraake organisasi sukarelawan ing desa ne kang tujuane kanggo nguruki lan ngekei bimbingan marang arek – arek cilik ing desane. Ing organisasi kuwi bisa kanggo wadah utawa panggonan kanggo arek arek sing isih usia sekolah supaya bisa sinau lan njauk uruk materi utawa pelajaran sing ora sepira ngerti lan paham ing sekolahe . Organisasi iki gratis , ora kaiket aturan lan syarat-syarat marang anggota e . Kepala desa ing desa iku setuju lan ndukung banget marang kagiyatan iku , asmane kepala desa iku yaiku Pak Bambang , Pak Bambang uga menehi izin panggonan kanggo kagiyatan iku maeng ing pos kang ono ngarep latar omahe . Sanajan uga Akeh wong ing desa ne ora setuju marang kagiyatan iku , amarga warga ng desa iku mikire kagiyatan iku mung buang – buang waktu lan ketimbang melu kagiyatan mending golek duwek wae kanggo biaya urip . Warga ing desa iku uga mikir menawa Ilfia iku mampu lan nduweni biaya kanggo nerusake sekolah lan Ilfia uga bisa ngelakoake opo sing dheweke pingin . Nanging Ilfia lan kanca – kancane ora kepengaruh ambek omongane warga-warga desa sing ora setuju marang kagiyatan iku dheweke lan kancane uga ora nyerah kanggo majuake pendidikan ing desa ne . Ing sawijining dina , ana arek lanang sing teka ing desa ne Ilfia , arek lanang iku keponakan e Pak Bambang . Arek lanang iku asale saka Semarang jenenge Raka, dheweke umur 3 taun luwih tuwa saka Ilfia .Raka ing Semarang wis kuliah. Pas preian kuliah ,Raka dikirim wong tuwa ne menyang desa iku yaiku amarga Raka iku anak sing wis ora bisa diatur ,urakan ,ora niat sekolah , senengane ugal-ugalan ndek dalan , ngentekno duwik e wong tuwa lan liya-liyane. Sanajan Raka kuwi arek sing bagus rupane , ora kaget yen pas dheweke teka menyang desa ne Ilfia akeh arek wedok sing tresna marang dheweke kajaba Ilfia .Mila sahabate Ilfia iku yo nduwe rasa marang Raka . Raka dikirim menyang desa iku supaya luwih bisa sinau pengalaman urip , bisa bersyukur lan supaya bisa ngregani wong liyo . Raka menyang desa iku karo Ari, Ari iku konco rakete Raka mulai smp . Dino minggu iki ing desa ana kagiyatan e Ilfia lan kanca-kancane muruki arek-arek cilik ing ngarep latar omahe Pak Bambang. Moro-moro Raka teka. Raka:” Loh ana apa iki ? Omahe pakdhe ku kok dikebaki karo arek – arek iki ?” Ilfia:” Sepurane mas sakdurunge, aku lan kanca-kanca ku iku wis rutin nggawe latar omahe Pak Bambang kanggo kagiyatan iki .” Raka :” Lho ? Lah kok penak awakmu moro-moro manggen ing kene? Kabeh iki gak ana sing gratis . Awakmu kudu mbayar sewa yen arep nggawe panggen iki .” Ilfia :” Yen dikongkon mbayar sewa , jujur ae mas aku lan kanca-kancaku ora bisa .” Mila : “Iki mung organisasi sukarelawan mas.” Nena :” Iki wis di izini kok mas ambek Pak Bambang .” Raka : “Wis cukup! Ora usah kakean alasan . Awakmu kabeh ngalih o ae saka kene .” Pak Bambang :” Ana apa iki kok rame-rame?” Raka : “Iki lho pakdhe , lapo arek-arek iki ana ndek kene ? ngrusuhi ae , manggeni latar sakarepe dewe ora mbayar pisan .” Pak Bambang :” Wis tah ka , pakdhe sing ngongkon arek –arek iki manggone ing kene , tujuane yo apik nyoba o awakmu kaya arek –arek iki sing nduweni sifat sukarelawan kanggo mbiyantu arek-arek sing ora mampu supaya bisa sinau .” Raka:” Halah ..” Raka langsung ngejak Ari ngalih saka kono . Ari ngampiri Ilfia . Ari :” Sepurane yo , Raka ancen sifate kaya ngono aja di lebokno ati .” Ilfia : Iyo mas.” Pak Bambang :” Wis rek lanjutno .” Arek-arek :” Inggih pak “ Sawise kejadian iku Raka iku nduweni dendam marang Ilfia , Raka mikir yen wis di gawe isin ing ngarepe arek-arek lan pakdhe ne saka kejadian maeng . Raka ora trimo , dheweke mesti nggawe uripe Ilfia susah . Nanging suwe-suwe Raka yo kagum marang perjuangane Ilfia kanggo majuake pendidikan ing desa ne , Raka mulai seneng karo kepribadian e Ilfia . Raka sampek mbela-mbelani njaluk sepuro marang Ilfia . Sanajan Raka iku sebenere ora tau gelem ngakoni kesalahane apa maneh njaluk sepuro nang wong liyo . Arek loro iku cidek , lan suwe-suwe sifate Raka mulai berubah , dheweke dadi pribadi sing luwih apik . Mila sing seneng mbek Raka ora trimo yen Ilfia cidek marang Raka dheweke nduwe niatan kanggo ngadu domba warga karo nyebar warta sing ala, yen Ilfia iku nalika nguruki arek-arek cilik ing organisasi e iku ora tau nggenah lan arek-arek cilik iku maeng diuruki kagiyatan sing ala. Warga ngamuk lan ngedohi Ilfia. Warga sampek ngancem lan protes nang Ilfia amarga warga mikir yen Ilfia iku mung bisa nggawa pengaruh elek ing desane . Ari mbelani Ilfia ing ngarepe warga iku maeng nanging Raka mung bisa meneng lan ora nglakoni opo-opo amarga Raka isih ragu kudu percoyo karo sing endi. Ari :” Sek sabar bapak-bapak lan ibu-ibu , iki mung salah paham , sebenere panjenengan sedaya mireng saking pundi ngendi menawi warta kasebut ?” Bu Mira:” Wingi Mila sing ngomong marang warga ing kene . “ Ari :” Apa bener iku mil ?” Ilfia : Astaghfirullahaladzim.. Kenopo awakmu tego nglakoni iku marang aku mil ?” Nena :” Ilfia iku sahabatmu mulai biyen , kenopo awakmu jahat banget koyo ngono kuwi? Yen pancen ana masalah , diomongno apik –apik wae .” Mila :” Aku nglakoni iku yo ana tujuane , Kabeh weruh yen aku iku seneng marang Raka nanging nyatane opo ? Ilfia cidek karo Raka .” Ilfia : “ Mil, aku karo Raka iku ora ana apa –apa, aku ngregani perasaanmu soale awakmu iku sahabatku, yen mung masalah iku kenopo awakmu tego nglakoni iku ?” (karo nangis) Nena :” Sing sabar ae yo il .” Ilfia :” Sepurane yen aku isih ora iso dadi sahabat sing apik .” Raka :” Mil, yen saranku awakmu aja ngamuk disik yen durung ngerti sing sebenere, opo maneh ilfia iku sahabatmu dewe kok yo tego awakmu nglakoni ngono iku .” Nena :” Iyo mil, awake sahabatan iki wis suwe, mung gara –gara masalah salah paham iki persahabatan e awake iki pecah ?” Mila :” Aku nyesel nglakoni iku , aku saiki sadar yen sahabat iku luwih penting , sepurane yo il yen aku salah paham marang awakmu .” Ilfia :” Iyo podo –podo , aku pingin awak e mbalik koyo biyen maneh .” Ari :” Nah , ngono a seneng aku ndelok e .” Ari sebenere seneng nang Ilfia mulai pertama kenal nanging dheweke ora wani ngomong . Atine Ari loro yen ndeleng Ilfia cidek ambek Raka , sebenere Raka iku ngerti yen Ari seneng Ilfia , nanging Raka yo ora bisa mungkiri yen dheweke nduwe rasa marang Ilfia . Raka ora tau ngungkapno perasane iku maeng marang Ilfia , amarga dheweke ngregani perasaan e Ari Ilfia dewe sebenere nduwe rasa seneng marang Raka, Raka ngomong marang Ilfia yen Ari seneng pisan marang dheweke. Nanging mari kejadian iku maeng Ilfia kuciwa karo sikape Raka sing ora iso nentukno sikap , Raka meneng ae nalika Ilfia diprotes warga , bedo adoh karo Ari sing terang-terang an mbelani Ilfia . Sawise kejadian iku Ilfia mutusno gawe gak milih sopo-sopo . Dheweke luwih milih loro ati ketimbang kudu kelangan sahabate . Raka yo luwih milih ora ngungkapno perasaane marang Ilfia kanggo njogo perasaane Ari sahabate . Akhire arek limo iku dadi sahabat raket lan bareng-bareng maju no pendidikan ing desa iku sampek akhire Raka lan Arya mbalik menyang Semarang .

Erika D(15)
Shania S(35)
XII MIA 4
Diberdayakan oleh Blogger.